Pepeling ing Jaman Edan

 


Taksih diparingi gesang ing alam donya iku duweni makna, taksih diparingi tugas dening Sang Maha Kuasa. Yen tugas dereng rampung, dereng saget kondur dateng alam baka. Yen sampun rampung, mungguha mboten kersa kondur, panggah dipapak kondur. Mulane, gesang sing sedilut iki sakyogyane dilampahi kanthi keapikan, keluhuran lan kamulyan, ora ngumbar nafsu, ora sesumbar marang angkara murka, ora samena-mena marang liyan.

Ananging, urip ing jaman sarba edan kados sakniki, pancen angel ora miturut nafsu. Kabeh wong podo nggumun karo babagan donya, mula, kabeh pengin dipuja, diunggulke liyan, nganti dalan sing ala dilampahi mung amprih isa mulya ing paningal manungsa, nganti lali kamulyan ing Paningal Gusti, lali yen Gusti mboten sare ningali tumindak manungsa sak kabehe.

Wong saiki jarang sing kuat nglampahi tirakat. Kabeh gur sambat sak karepe dewe, nanging lali madosi sejatining diri. Akeh wong lali, akeh wong salah dalan, akeh wong sing guru rip gedene nafsu. Sakbenere, wayahe manungsa iku wani tirakat. Tirakat isa dadi pusaka urip ing tengah-tengah jaman edan kaya ngene. Yen ora duweni pusaka, bakal keli, kenter, melu klelep ing jero jaman edan. Tirakat ing kene akeh jabarane. Kaya a wani pasa. Pasa iku saget ngindari manungsa saka tumindak ala. Yen apa sing didhahar iku saget diatur, badan ugi sukmane bakal saget ketata. Lawang nafsu sing ana sanga iku ketutup nalika pasa. Mula, wong sing akeh pasa isa tumindak waskita.

Tulada kapinda wani tapa. Tapa ing panggon kang sepi mampring ing saban dina. Amarga sejatine, manungsa butuhake iki, amprih isa panggih Gusti Allah, amprih isa weruh dirine, isa ngaca dirine, isa weruh ing donya iki diutus nyapo. Ing Islam, kita diwucal salat wengi. Salat wengi pada bae karo tapa, amarga sembahyang ing kala sepi, ora ana manungsa sing sliwar-sliwer, saget madhep mantep dening Gusti Pengeran. Wani tapa isa ngresiki ati kang buthek. Sing awale buthek, saget bening amarga celak karo Pengeran. Ananging, tapa ora gur dibatesi tapa rikala sepi. Ana kalane sing diarani ‘tapa ngrame’ kang duweni arti, tapa ing tengah keramenan donya, panggah nyambut gawe, kepanggih tiyang akeh, ananging ing jero dirine isih isa madhep mantep dening Gusti Pengeran. Iki sakyogyane saget ditumprapne karo sapa bae. Ananging, ora kabeh manungsa isa. Mula, wong kang wani tapa iku sejatine wong kang isa duweni pusaka. Yen duweni pusaka, isa nglindungi diri saka werna-werna bahaya kang teka marang diri uga sukma.

Sakbanjure, manungsa lek saget jaga pasuryan kawibawan, apa maneh yen penggaweane kepanggih wong rame, utawa dadi tuladha marang liyan. Manungsa saiki, katah sing pasuryane mbleret, amarga luwih mentingne nafsu. Busana njaba gawe kang apik, ayu tur bagus rupane, ananging atine mbleret, ora ana cahya kang sumringah. Pasuryan kawibawan iki saget dados pusaka, nalika ngendika babagan kang penting dateng masyarakat. Yen dadi tuladha ora isa jaga kawibawan, aja susah nalika tutur tumindake disepeleke liyan, meski nganda kang bener.

Comments